Khutbah Jum’at (Jawa); Iling Pati

Penulis : admin

September 15, 2017

الخطبة الاولى

الْحَمْدُ لِلهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وِالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُأَشْهَدُاَنْ لاَإِلَهَاِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اِلَى جَمِيْعِ الْعَالَمِاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمّدٍ صَاحِبِ الظِّلِّ فِى الْغَمَامِ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَۃِ الْكِرَامِ

اَمَّا بَعْدُفَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Jamaah sidang Jum’at rohimakumullah

Monggo sami berusaha ningkataken taqwa dumateng Allah Swt. kanthi tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho ngedohi sedoyo awisanipun. Wonten Jum’at meniko, khotib bade ngajak dumateng hadirin sekalian ningkataken taqwa kanthi senantiasa emut marang pati. Anggene kito eleng marang pati dados usaha ingkang sampun mujarrabutowo manjur. Eleng pati dados kunci poro ulama’ lan wali sehinggo saget munggah wonten drajat ingkang minulyo, wonten ngersanipum Allah Swt. Poro ulama’ lan wali sami ngeroso dene waktu sakmeniko dados waktu terakhir ambekan wonten alam dunyo, sehinggo mereka boten sami nunda amal kesaenan ingkang badhe dipun lampahi.

اعْمَلْ لِدُنْياَكَ كَأَنَّكَ تَعِيْشُ أَبَداً وَاعْمَلْ لِآخِرَتِكَ كَأَنَّكَ تَمُوْتُ غَداً

Artosipun : Amalo keronodunyo koyo dene sira urip selawase, lan amalo kerono akhirat koyo dene bakal mati ingdalem sesok.

Jamaah sidang Jum’at rohimakumullah

Tiap dinten umur kito soyo sudoh lan soyo parek kalian ingkang namine ajal. Ananging opotoh amal ibadah kito soyo mundak, lan opotoh taqwa lan taat kito soyo tambah. Utawin suwangsule, kito malah semakin tebeh kalian Allah Swt. lan tambah semangat anggene ngelakoni maksiat, kabujuk kalian hawa nafsu lan dunyo.

Gusti Kanjeng Nabi sampun paring piwulang dateng kito supados saget terus njagi taqwa dumateng Allah Swt. kanthi ngakehaken ngelengi pati. Gusti Kanjeng Nabi ngendikaaken :

أَكْثِرُوا مِنْ ذِكْرِ هَاذِمِ اللَّذَّاتِ فَإِنَّهُ مَا ذَكَرَهُ أَحَدٌ فِي ضِيْقٍ إِلَّا وَسِعَهُ وَلَا ذَكَرَهُ فِي سَعَةٍ إلَّا ضَيَّقَهَا

Artosipun : Akeh-akehno siroh kabeh ileng perkoro kang ngerusak kenikmatan(mati)! Saktemene ora ono salah sijine wong kang eleng mati lan dewek’e ono kajembaran, kejobo iso ngerupekaken dewek’e, lan menawi dewek’e ono kerupekan mongko bakal njembaraken dewek’e.(HR.Ibnu Hibban)

Tiang ingkang wonten kejemberan kelawan diparingi rizki lan kebungahan sami arep-arep terus urip kepenak, ananging amergi eleng mati, akhire dewek’e boten terlena kalian  rizkine. Kematian meniko saget dados pengontrol kito anggene nasharufaken bondo, ateges kito sami ngati-ngati lan usaha nginfaqaken bondo marang kesaenan, inggeh meniko kanthi ikhlas medalaken zakat, bunga peweh shodaqoh, sregep anggene waqof lan sakpiturute.

Suwangsule, tiang-tiang ingkang wonten rupek podo sami ngeroso nelongso, ananging mergo eleng mati dewek’e sami ayem. Kawontenan pati langkung dipun wedeni. Deweke bakal bunga sebab eleng bondo meniko namung dados perkawis ingkang ngabot-ngaboti hisab wonten alam akhirat. Dewek’e sami ngerti badhe angsal ganjaran sebab anggene sabar ngadepi kerupekan wonten dunyo.

Jamaah sidang Jum’at rohimakumullah

Ajal boten badhe nekani tiang ingkang sepuh kemawon. Sehinggo ingkang sregep ibadah namun tiang-tiang sepuh ingkang sampun ngeroso badhe sedo. Kito tingali wonten sekitar kito, wonten mesjid-mesjid, mushola-mushola, lan majelis-majelis kesaenan, ingkang hadir namung tiang-tiang sepuh mawon. Wonten pundi tiang ingkang langkung enem?Nopotoh ingkang saget emut mati namung ingkang sepuh, lan nopotoh ingkang ditekani kematian namung ingkang sepuh. Monggo sami ningkataken taqwa kanthi eleng-eleng deneng kematian badhe nekani sinten mawon, baik ingkang enem utawi ingkang sepuh.

Ajal boten badhe nekani tiang-tiang ingkang sakit kemawon. Sehinggo ingkang katah anggene dzikir namung tiang-tiang sakit. Menawi wonten keadaan sakit, kito sami ngatah-ngatahaken dzikir amergi kepengen pejah kanthi husnul khatimah. Ananging sakbadane diparingi sehat, kito sami lali. Kito kesupen deneng kematian boten namung nekani tiang-tiang ingkang sakit. Kito sami kesupen, katah tonggo kito ingkang pejah wonten keadaan saras lan roso.

وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللَّهُ النَّاسَ بِظُلْمِهِمْ مَا تَرَكَ عَلَيْهَا مِنْ دَابَّةٍ وَلَكِنْ يُؤَخِّرُهُمْ إِلَى أَجَلٍ مُسَمّىً فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً وَلا يَسْتَقْدِمُونَ

Artosipun : Lan lamuno Allah ngukum menungso sebab kelakuan dzolim, mongko Allah boten badhe ninggal setunggalipun hewan. Ananging Allah nangguhaken marang titi mongso yang dipesti. Nalikane teko titi mongsone menungso, mongko dewek’e ora iso ngundur lan ora iso disikno.(QS. an-Nahl:61)

Jamaah sidang Jumat rohimakumullah

Rasulullah Saw. ngendikaaken :

يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلاَثَةٌ فَيَرْجِعُ اِثْناَنِ وَيَبْقَى مَعَهُ وَاحِدٌ: يَتْبَعُهُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ ‏

Artosipun : Ono telu perkoro sing bakal anut marang mayit : sing loro bakal bali, lan sing siji bakal tetep ngancani,yoiku keluargane, bondone, lan amale. Keluarga lan bondo bakal bali, lan amal bakal tetep ngancani. (HR. Bukhori-Muslim)

Saking hadits meniko, saget dipun mangertosi bilih bondo meniko boten badhe kito beto hinggo alam kubur. Bondo ingkang sampun kito kempalake kanthi susah payah niku namung badhe dimiliki ahli waris kito. Bahkan, saget dados fitnah kagem mereka kelawan didamel rebutan. Rebutan kanti tumindak dzolim lan sami boten podo kepengen kalah.

Kito ngertos bondo boten badhe kito beto mati, Ananging kito takseh semangat anggene ngumpulaken bondo. Semakin angel bondo digoleki, semakin semangat anggene kito merdamel. Padahal sampun dipun mangertosi dene dunyo niku ibarat ayang-ayang.

الدُّنيْاَ كَالظِّلِّ لَوْلاَحَقْتَهَا تَهْرِبُ مِنْكَ وَلَوْ أَعْطَيْتَهَا ظَهْرَكَ تُلاَحِقُكَ

Artosipun : Dunyo iku ibarat ayang-ayang. Lamuno Siro ngejar mongko dunyo bakal melayu, lan lamuno siro malingno awak mongko dunyo bakal marek mareng Siro.

Monggo kito sami cerdas. Cerdas wonten akal lan cerdas wonten amal. Ateges kito sami ngertos bilih ingkang ngancani kito namung amal, mongko kitosami ngusahaaken ngatah-ngatahaken amal kesaenan wonten alam dunyo. Amal meniko badhe ngancani kito, tumut melbu wonten kuburan kito. Amal meniko ngembo-ngembo dados tiang ingkang ganteng kang bagus pakaian lan wangi ambune. Tiang meniko badhe ngarem-ngarem marang kito,”Ngucapo opo sing iso dadekno siro bunga?”. Kito sami tanglet,”Sopo Awakmu?”, Mongko tiang meniko jawab,” Aku amal sholihmu waktu wonten alam dunyo.” Suwangsule, amal olo badhe ngembo-ngembo dados tiang ingkang olo rupane, ingkang namung nambah nelongso kito wonten sepine alam kubur.

Jamaah sidang Jum’at rohimakumullah

عَنِ ابْنِ عُمَرَ ، قَالَ : أَتَيْتُ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَاشِرُ عَشْرَةٍ ، فَجَاءَ رَجُلٌ مِنَ الأَنْصَارِ ، فَقَالَ : يَا نَبِيَّ اللَّهِ ، مَنْ أَكْيَسُ النَّاسِ وَأَحْزَمُ النَّاسِ ؟ قَالَ : أَكْثَرَهُمْ ذِكْرًا لِلْمَوْتِ ، وَأَشَدُّهُمُ اسْتِعْدَادًا لِلْمَوْتِ قَبْلَ نُزُولِ الْمَوْتِ ، أُولَئِكَ هُمُ الأَكْيَاسُ ، ذَهَبُوا بِشَرَفِ الدُّنْيَا وَكَرَامَةِ الآخِرَةِ

Artosipun : Kito sami teko marang Kanjeng Nabi Saw. beserta rombongan sepuluh sahabat. Saklajenge sahabat ansor tanglet,”Wahai Nabiyallah, Sinten tiang ingkang paling cerdas lan kuat? Kanjeng Nabi ngendikaaken : Yaiku wong sing paling akeh ileng marang pati, lan paling akeh persiapane ngadepi pati. Merekalah orang-orang yang cerdas. Lungo ninggal dunyo kanthi gowo kemulyaan dunyo lan akhirat. (HR. at-Thabrani)

Disebutaken wonten kitab Tadzkirah, “Sopo wonge sing akeh ileng mati bakal mulyo kelawan telu perkoro, yoiku cepet-cepet ngelakoni taubat, atine teriman, lan semangat anggene ibadah. Suwangsule, sopo wonge sing lali pati bakal dicubo telu perkoro, yoiku ngende-ngende taubat, gak gampang nerimo, lan aras-arasen ibadah.”

اللَّهُمَّ أَحْيِنِيْ إِنْ كَانَتِ الْحَيَاةُ خَيْراً لِيْ، وَأَمِتْنِيْ إِنْ كَانَ الْمَمَاتُ خَيْراً لِيْ

Artinya : Duh Gusti Pengeran kulo, mugi paring gesang panjenengan ing kulo menawi gesang meniko langkung sae kagem kulo, lan mugi mejahaken penjenengan menawi pejah langkung sae kagem kulo.

Mekaten khutbah ingkang saget Kawulo aturaken, mugi-mugio paring manfaat dumateng kulo panjenengan sedoyo. Manfaat wonten dunyo lan manfaat benjang wonten akhirat. Amin …

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ( ) الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

 

الخطبة الثانية

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ . أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُه ورَسُولُه .يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ . يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ وسَلّمْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ . اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَوَحِّدِ اللَّهُمَّ صُفُوْفَهُمْ، وَأَجْمِعْ كَلِمَتَهُمْ عَلَى الحَقِّ، وَاكْسِرْ شَوْكَةَ الظَّالِمِينَ، وَاكْتُبِ السَّلاَمَ وَالأَمْنَ لِعِبادِكَ أَجْمَعِينَ .رَبَّنَا احْفَظْ أَوْطَانَنَا وَأَعِزَّ سُلْطَانَنَا وَأَيِّدْهُ بِالْحَقِّ وَأَيِّدْ بِهِ الْحَقَّ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ . رَبَّنَا اسْقِنَا مِنْ فَيْضِكَ الْمِدْرَارِ، وَاجْعَلْنَا مِنَ الذَّاكِرِيْنَ لَكَ في اللَيْلِ وَالنَّهَارِ، الْمُسْتَغْفِرِيْنَ لَكَ بِالْعَشِيِّ وَالأَسْحَارِ . اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاء وَأَخْرِجْ لَنَا مِنْ خَيْرَاتِ الأَرْضِ، وَبَارِكْ لَنَا في ثِمَارِنَا وَزُرُوْعِنَا وكُلِّ أَرزَاقِنَا يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ .رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ .رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار .

عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَفَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوا اللهَ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْا مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

 

Sumber: Majalah Langitan

Tulisan Terkait

Informasi Pendaftaran Santri Baru 2023

Informasi Pendaftaran Santri Baru 2023

SYARAT – SYARAT PENDAFTARAN SANTRI BARU 1. Sowan kepada Masyayikh bersama orang tua/Wali. 2. Mengisi formulir pendaftaran santri baru. 3. Menyerahkan foto 3X4 sebanyak 4 lembar, foto copy Ijazah terakhir 4 lembar, foto copy Kartu Keluarga 4 lembar, foto copy Akta...

Daurah Kader Dakwah PP. Langitan

Daurah Kader Dakwah PP. Langitan

Departemen Dakwah Pengurus Kesan Pusat menyelenggarakan agenda tahunan Daurah Kader Dakwah (DKD) di Pesma STAI At-Tanwir, Bojonegoro selama 2 hari (8-9/03). Kegiatan tersebut merupakan bentuk tempahan untuk para santri paska Aliyah agar siap dan mampu dalam terjun di...

Khutbah Jumat: Rajab Bulan Istighfar

Khutbah Jumat: Rajab Bulan Istighfar

Khutbah Jumat kali ini mengangkat materi tentang bulan Rajab. Adapun judul dari khutbah Jumat tersebut adalah "Rajab Bulan Istighfar". Sementara teks khutbah Jumat bisa didapatkan di sini. Khutbah Jumat: Rajab Bulan Istighfar Khutbah Pertama اَلْحَمْدُ لِلهِ...

0 Comments

Submit a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Komentar

Posting Populer